SMANSAKRA – SMA Negeri 1 Karanganyar nggelar MAHAKARYA #9. MAHAKARYA #9 mujudaken kegiatan ingkang ajeg dipungelar saben taun dening SMA Negeri 1 Karanganyar. MAHAKARYA #9 dados wadhah kangge ngrembakakaken katrampilanipun siswa, ing babagan akademik menapa dene non-akademik, sarta nuwuhaken greget pasedherekaen antawisipun siswa-siswi. Kridha menika ugi dados kalodhangan kangge nedahaken potensi seni, apresiasi karya kreatif, saha njurung kreativitas, kolaborasi, kalihan inovasi siswa. MAHAKARYA #9 ngusung tema “Fusion (Furthering Expression Through Creation)”, ingkang maknanipun njurung kreatifitas ekspresi lumantar karya.
Ancasipun kegiatan MAHAKARYA #9 inggih menika:
- Nindakaken program kerja tahunan Seksi Bidang Apresiasi Seni Budaya dan Kreasi OSIS.
- Dados wadhah strategis kangge ngrembakakaken katrampilan saha kreatifitas siswa, ing babagan bidang akademik menapa dene non-akademik.
- Nuwuhaken greget pasedherekaken ing antawisipun siswa-siswi SMA Negeri 1 Karanganyar.
- Ngempalaken potensi seni ngiras dados apresiasi tumrap karya kreatif minangka ajang ekspresi ingkang langkung wiyar tebanipun saha inspiratif.
- Njurung kreativitas, kolaborasi, saha inovasi ing maneka wujud karya nyata.
MAHAKARYA #9 2026 dipuntindakaken ing sakathahing kridha, inggih menika:
- Reboisasi
Dipungelar dinten Setu, 16 Mei 2026, arupi nanem wit-witan. Kegiyatan kasebat dipunsengkuyung sedaya organisasi saha ekstrakurikuler SMA Negeri 1 Karanganyar. Kegiatan reboisasi kasebat dipungelar tembayatan kalihan ekstrakurikuler Pecinta Alam, PASMAGRISAKA SMA Negeri 1 Karanganyar, ing wewengkon Tlaga Madirda Ngargoyoso Karanganyar.

2. Pemberdayaan Anak Panti Asuhan
Kegiatan sanesipun, dipuntindakaken ing Panti Asuhan ing dinten Setu, 20 Juni 2026, awujud kegiatan sosial kangge nuwuhaken raos perduli sasami saha ngajari katrampilan kangge lare-lare panti asuhan lumantar seseuluh utawi edukasi life skill sarta damel kerajinan saking barang tilas.
3. Lomba Desain Batik SMANSAKRA
Salajengipun, wonten Lomba Desain Batik SMANSAKRA, ingkang dipungelar wiwit tanggal 10 Juli dumugi 14 Agustus 2026. tetandhingan menika mujudaken lomba damel cakrik utawi desain bathik ingkang dipundhereki siswa-siswi SMA Negeri 1 Karanganyar kelas X saha XI.

4. MAHAKARYA #9
Kegiatan pungkasan ing kridha kasebat dipungelar Kemis, 20 Agustus 2026 ing SMA Negeri 1 Karanganyar. Puncak kegiatan dados ajang kreativitas siswa-siswi lumantar maneka pagelaran seni, apresiasi karya, sarta lelipur. Peserta kegiatan siswa-siswi, dwija, kalihan staf/karyawan SMA Negeri 1 Karanganyar.
Link Video Gelaran Mahakarya #9 https://www.instagram.com/reel/DcaUnNgvTZd/?igsi=MTZhbnJmdnRlem43OA==
5. Launching Sekolah MANTAB SMA Negeri 1 Karanganyar oleh Kepala Cabang Dinas Pendidikan Wilayah VI, Ibu Indri Astuti, S.I.P, M.H.

Kajawi siswa, dwija, sarta karyawan SMA Negeri 1 Karanganyar, MAHAKARYA #9 ugi dipunestreni Kepala Cabang Dinas Pendidikan Wilayah VI, Ibu Indri Astuti, S.I.P, M.H, Bupati Karanganyar ingkang dipunwakili Kepala Disperindag Agung Wahyu Utomo, S.S.T.P, anggota OSIS saking sakathahing sekolah, sarta tamu sedhahan sanesipun.
Ing kalodhangan kasebat, Kepala Dinas Cabang Pendidikan Wilayah VI, Ibu Indri Astuti, S.I.P, M.H, ngepyakaken Sekolah Mantap SMA Negeri 1 Karanganyar.









