SMANSAKRA – SPEECHTA #9 dipungelar, Rebo, 4 November 2026. OSIS SMA Negeri 1 Karanganyar ngawontenaken kegiatan menika kangge mengeti Bulan Bahasa. SPEECTHA#9 mujudaken ajang lomba utawi adon wasis kanthi kategori 4. Inggih maca puisi, monolog, ngripta puisi sarta ngripta crita cekak. Kridha menika dipundhereki siswa SMA Negeri 1 Karanganyar kangge ngrebataken gelar Duta Bahasa taun 2026/2027.

Taun menika SPEECTHA #9 kagelar kantih tema INSPECTRA (Investigation of Literature & Spectacle of Rhetoric). INSPECTRA mujudaken pralambang petualangan investigasi salebeting mbabar karya sastra saha kaskayaning Basa. Saben siswa kados dene setunggaling detektif literasi ingkang ngayahi wajin niti priksa teks, mrangguli kanyatan, saha mratelakaken makna saking ingkang sinerta ing asil karya. Kajwi menika, SPEECHTA #9 taun samangke mawi jargon, SPEECTHA #9 “ Bermakna Melalui Sastra, Bersama Ungkapkan Cerita”.
Saderengipun ngancik tatacara puncak SPEECHTA #9, sedaya finalis sampun nglampahi reroncening seleksi utawi kegiatan jumbuh kalihan kategori. Kategori maca puisi, kategori monolog, kategori ngripta puisi, saha ngripta crita cekak. Saking sedaya seleksi kasebat, saben kategori wonten finalis 3 ingkang badhe lajeng ing tatacara puncak SPEECHTA #9 kangge ngrebat gelar Duta Bahasa 2026/2027.
Byawara ingkang mimpang Duta Bahasa SPEECHTA#9 tahun 2026/2027 saking Saben kategori kasil dipungayuh:
1. Kategori Ngripta Puisi: Malika Marva kelas XIF-7
2. Kategori Ngripta Crita Cekak: Muhammad Rifai Zulfikri kelas XE-5
3. Kategori Maca Puisi: Aisyah Kanaya Putri kelas XE-1
4. Kategori Monolog: Keisya Asyifa Putri Indrawati kelas XIF-12

Lumantar kegiatan menika, kaajab SPEECHTA #9 saged dados wadhah tumrap siswa-siswi SMA Negeri 1 Karanganyar kangge ngrembakakaen potensi, kreativitas, sarta tresna basa saha sastra.






