SMANSAKRA – Minggu, 16 Agustus 2026, Teater Nglilir SMA Negeri 1 Karanganyar, angsal kalodhangan ngisi acara Malem Tirakatan pengetan HUT kaping 81 Kamardikan Republik Indonesia ingkang dipungelar Pamarentah Kabupaten Karanganyar, ing Gedung Paripurna DPRD Kabupaten Karanganyar.
Lumantar pagelaran kanthi sesirah “Surat Untuk Indonesia”, Teater Nglilir ajak-ajak kangge mawas dhiri mliginipun negesi maknanipun kamardikan. Bilih kamardikan boten namung winates Indonesia ingkang kasil bebas saking penjajah, ananging ugi babagan kados pundi para mudha salebeting njagi saha olah kridha sasampunipun mardika.

Salembar serat saking wekdal kapengker dados pangemut-emut bilih perjuwangan pancen dereng rampung. Perjuwangan namung pindhah tangan, pramila kedah dipunlajengaken. Saking para pahlawan tumrap para mudha ingkang gesang ing jaman samangke.

SURAT UNTUK INDONESIA
Sutradara: Alunna Richma Ramadhan
Paraga: Muarifin Ardhiansyah minangka Bapak; Maritza Hasna Naori dados Dita; Amelya Agustina Rahmadani minangka Ibu; Keisya Asyifa Putri Indrawati dados simbah putri; sarta Hayyan Abhar minangka Raka.
Link You Tube Pagelaran Teater Nglilir ing Malem Tirakatan Pengetan Kamaradikan kaping 81 Republik Indonesia ing DPRD Kabupaten Karanganyar https://youtu.be/ciwz-XHynp8?si=2Z8fETurZioYJpZs







