SMANSAKRA – SMA Negeri 1 Karanganyar, nggelar Pendidikan dan Latihan/ Diklat Media Center kangge siswa-siswa ingkang manunggal ing anggota tim media center kanthi tema SEMESTA “Semangat Membentuk Jurnalis Tangguh dan Berkualitas”.
Kegiatan ingkang dipungelar Jemuah- Setu, 17-18 Oktober 2025 menika, dipunbuka Kepala SMA Negeri 1 Karanganyar, Sugiyarto, S.Pd, M.M, Jemuah enjing ing Aula SMA Negeri 1 Karanganyar. Ing tanggap wacananipun, Kepala Sekolah nengenaken literasi digital saha panjurungipun media sekolah minangka sarana informasi, edukasi, sarta dokumentasi maneka kegiatan siswa ing sekolahan.
Diklat menika ancasipun nikelaken katrampilan sarta kaprigelanipun para anggota Media Center SMANSAKRA ing babagan: fotografi, videografi, editing, damel konten digital, pangemonahing media sosial, saha teknik damel pawarta. Minangka nara sumebar utama inggih saking tim Pengelola Informasi dan Komunikasi Publik Dinas Komunikasi dan Informatika Kabupaten Karanganyar. Materi-materi utawi kawruh kasebat dipunandharaken mawi interaktif saha aplikatif, satemah siswa ingkang ndherek diklat saged langsung praktik.
Peserta ndherek kegiatan kanthi gumregut, satemah kaajab kawruhipun saged nyengkuyung kualitas sarta kuantitas publikasi kalihan dokumentasi kegiatan sekolah lumantar Media Center SMANSAKRA.