SMANSAKRA – Ajang Duta Genre Karanganyar 2025, dipungelar malih. Duta Genre inggih menika Duta Generasi Berencana ingkang mujudaken rumaja sarta kaneman ingkang gadhah seserepan, saha tindak tanduk minangka rumaja. Program menika kangge ngrancang gesang bebrayan kanthi saestu.
Ancasipun Duta Genre
- Nikelaken seserapan rumaja babagan Triad KRR (Kesehatan Reproduksi Remaja): seksualitas, HIV/AIDS, saha narkoba.
- Njurung rumaja supados ngundur ningkah rikala taksih alit, ngrancang pendidikan, saha karier ing tembe.
- Dados influencer positif ing pasrawungan kados ta ing sekolahan, kampus, kalihan masarakat.
Panjurungipun Duta Genre
- Suka edukasi lumantar forum remaja, media sosial, sarta kegiatan komunitas.
- Dados narasumber utawi fasilitator ing kegiatan Genre.
- Dados inspirator tumrap kanca sabarakan murih saged gesang kanthi sehat saha produktif.

Ajang Pilihan
Pilihan Duta Genre padatan dipuntindakaken ing tataran sekolah, kecamatan, kabupaten/kitha, ngantos nasional. Wondene ingkang dipunbiji:
- Wawasan utawi seserepan bab perkawis ingkang dipunadhepi rmaja saha kependudukan
- Public speaking sarta kapribaden
- Komitmen tumrap program Genre
Sawetawis ing kabupaten Karanganyar, Ajang Grand Final Apresiasi Duta Generasi Berencana (ADUGENKRA) Kabupaten Karanganyar 2025 dipungelar ing:
📅 Setu, 20 September 2025
📍 Gedung Bhineka Tunggal Ika, Karanganyar
⏰ Tabuh 18.00 WIB ngnatos purna
Kridha lumampah regeng saha dipunestreni Bupati Karanganyar kalihan jajaran Forkopimda.
Siswa SMA Negeri 1 Karanganyar, Sindunata Jati Nabawi, kasil dados Juara Influencer Putra Duta Genre Karanganyar 2025. Makaten ugi Raffa Rasendrya Setia Andanna, dados Juara Influencer Putri Duta Genre Karanganyar 2025. Kajawi kekalih siswa kasebat, saperangan alumni SMA Negeri 1 Karanganyar ugi nggayuh juara. Kados ta, Dwi Retnoningsih, alumni 2024, ingkang dados Juara Berbakat Putri, wondene Juara Duta Genre Karanganyar 2025 inggih menika Haruming Sekar Calista saking Kecamatan Jumapolo, ingkang ugi alumni SMA Negeri 1 Karanganyar.