SMANSAKRA – Rebo, 22 Oktober 2025, latar SMA Negeri 1 Karanganyar ketingal benten, amargi warga sekolah gumregut saha gumregah ing regengipun warna-warni budaya ing pengetan Hari Santri Nasional. Warga sekolah, wiwit kepala sekolah, dwija sarta tenaga kependidikan, saha siswa, nyengkuyung kridha pawai santri ing dinten santri. Reroncening pengetan Hari Santri Nasional 2025 kanthi tema: “Mengawal Indonesia Merdeka, Menuju Peradaban Dunia” dipunwiwiti tabuh 07.00 saha dipunbuka dening Kepala SMA Negeri 1 Karanganyar, Sugiyarto, S.Pd, M.M. Ing tanggap wacananipun, kepala sekolah ngemutaken wigatosipun greget perjuangan para santri ingkang tansah suka panyengkuyung njagi Negara Kesatuan Republik Indonesia tetep wetah.
Tema taun menika nedahaken kalih perkawis:
- Ngawal Indonesia Mardika: Santri nyengkuyung njagi moral, spiritual, sarta ideologi bangsa.
- Tumuju Peradaban Dunia: Santri tansah suka panjurung ing pambangunan bangsa Indonesia kanthi daya saing global sarta nyebaraken nilai-nilai Islami sarta kemanusiaan.
Sasampunipun apel, peserta pawai ingkang ngangge busana khas santri (sarung, peci, gamis, sarta krudhung) baris rapi nuli miwiti rute pawai kanthi mlampah ngubengi wewengkon sekolahan lan saindhengipun.

Pawai santri dipuntutup ndonga sareng. Wondene para siswa dipunajak menggalih panyengkuyung kalihan panjurungipun santri ing sejarah Indonesia sarta tantangan ingkang dipunadhepi generasi mudha. Hari Santri Nasional ing SMA Negeri 1 Karanganyar boten winates ing seremonial, ananging ugi minangka momentum kangge ngiyataken karakter, ngabdi saha setya tuhu mring bangsa lan nagari, ugi nikelaken spiritualitas kangge jayaning NKRI.







