SMANSAKRA – Al Baihaqi Nibras Halilintar, siswa kelas XIF2 SMA Negeri 1 Karanganyar, nggayuh Runner Up ing ajang Program Duta Muda BPJS Kesehatan Cabang Surakarta Tahun 2025.
Kridha kasebat dipungelar dening BPJS Kesehatan ingkang ancasipun nikelaken literasi kesehatan sarta panjurungipun kaneman kangge nyengkuyung lampahipun Program Jaminan Kesehatan Nasional (JKN).
Program Duta Muda BPJS Kesehatan mujudaken ajang kompetisi pilihan brand ambassador saking siswa SMA/MA/SMK/sadrajat, ingkang ing tembe badhe nglairaken figure inspiratif saha komunikatif ingkang saged nyengkuyung komunikasi organisasi, kanthi luring menapa dene daring, sarta sesarengan kalihan Duta BPJS Kesehatan nindakaken fungsi edukasi utawi promosi JKN.
Peserta pilihan Duta Muda BPJS, ndherek seleksi kanthi damel Video Kampanye Kreatif mawi tema “Generasi Muda Peduli JKN”, ingkang tumuli dipununggah ing media social. Video Kampanye dipunbiji dening para juri ing tanggal 24 September 2025. Wondene byawara ingkang mimpang ing tanggal 29 September 2025.
Sawetawis, Al Baihaqi Nibras siswa SMA Negeri 1 Karanganyar kelas XIF2, kasil nggayuh Runner Up 2 sasampunipun mlebet finalis 7 besar, saha nyingkiraken peserta 15 sanesipun. Peserta utawi pamupu seleksi Duta Muda BPJS mujudaken siswa-siswi SMA/MA/SMK ing BPJS Cabang Surakarta ingkang ngandhahi Kitha Surakarta, Kabupaten Karanganyar, Kabupaten Wonogiri, Kabupaten Sragen, sarta Kabupaten Sukoharjo.