Gerakan Tumblerisasi
Uwuh plastik samangke sansaya ngembyah ngregedi lepen, segara, saha siti. Menika nuwuhaken greget pambudidaya ingkang prasaja: tumblerisasi. Gerakan utawi pambudidaya menika ngajak sok sintena kemawon supados ngginakaken tumbler (wadhah toya) pribadi minangka cara perduli tumrap ibu bumi. Pambudidaya kasebat kanthi nggantos botol utawi gendul plastik ingkang padatan dipunginakaken, mawi tumbler, kanthi ancas kangge lestarining bumi.
Tumbler boten namung wadhah inuman, ananging langkung wiyar tebanipun, inggih ateges ajar ngirit, sehat utawi wilujeng, saha ramah lingkungan. Menawi saben tiyang sampun boten ngangge botol plastik, saha langkung milih ngiseni tumbleripun, tiyang kasebat sampun mbudidaya nyuda tipak utawi jejak karbon, ngirit sumber daya, sarta njagi alam tetep resik. Gerakan menika ugi nuwuhaken raos bombong, amargi mbekta tumbler ateges nedahaken identitas minangka generasi ingkang perduli ibu bumi.
Tumblerisasi menika, boten namung winates ing sekolahan, kampus, utawi kantor, ananging ugi sumrambah ing ruang publik. Warung kopi, restoran, ngantos komunitas kreatif wiwit nyamektakaken jog toya inum. Sansaya kathah ingkang nyengkuyung, sansaya sae kangge bumi. Awit ewah-ewahan pancen kawiwitan saking pakulinan prasaja.
Gerakan tumblerisasi mujudaken inisiatif sosial saha lingkungan ingkang njurung bebrayan supados ngginakaken tumbler utawi wadhah inuman ingkang saged dipunginakaken wongsal-wangsul. Pambudidaya menika nengenaken pakulinan perduli lingkungan, saha gaya hidup sehat.
Sosialisasi Gerakan Tumblerisasi ing SMAN 1 Karanganyar
Ing SMAN 1 Karanganyar, greget perduli lingkungan dipungrengsengaken lumantar maneka program sekolah. Salah satunggalipun nggrengsengaken panganggenipun tumbler. Kridha menika dipunsengkuyung para dwija, karyawan, sarta sedaya siswa SMA Negeri 1 Karanganyar. Salah satunggaling gerakan ingkang samangke dipungrengsengaken inggih tumblerisasi, ingkang mujudaken ajak-ajak sedaya warga sekolah supados boten ngangge botol plastik. Suprandene, gantos ngangge tumbler ingkang ramah lingkungan.
Gerakan menika boten namung winates tren utawi obor-obor blarak, ananging wujud nyata siswa perduli tumrap ibu bumi. Ing saben sosialisasi, dwija sarta OSIS nengenaken bilih ngangge tumbler boten namung kangge nyuda uwuh plastik, ananging ugi nedahaken karakter disiplin, ngirit, saha tanggungjawab. Mawi tumbler, siswa SMAN 1 Karanganyar nedahaken minangka kaneman ingkang samekta njagi alam ngiras pantes nggrengsengaken budaya sehat.
Sawetawis, sosialisasi tumblerisasi ing SMA Negeri 1 Karanganyar, dipuntindkaken kanthi:
- Byawara saha kampanye kelas ingkang ngemutaken supdos nyuda uwuh plastik.
- Poster edukatif ing wewengkon sekolah sarta media sosial, lumantar byawara kreatif bab tumblerisasi.
Lumantar gerakan tumblerisasi, SMAN 1 Karanganyar netepaken minangka sekolah ingkang boten namung unggul ing babagan akademik, nanging ugi dados pelopor budaya perduli lingkungan. Kridha menika tumuju gesang ingkang langkung resik saha sehat.








