Dinten Batik Nasional dipunpengeti saben tanggal 2 Oktober. Kangge mengeti dinten batik, Kemis 2 Oktober 2025, dwija, karyawan saha siswa-siswa SMA Negeri 1 Karanganyar ngangge busana batik.
Dinten Batik Nasional dipunkepyakaken ing 2 Oktober 2009. Tanggal menika dipunpiji, amargi ing 2 Oktober 2009, UNESCO kanthi resmi netepaken batik Indonesia minangka Warisan Kemanusiaan untuk Budaya Lisan dan Nonbendawi utawi ugi dipunwastani Warisan Budaya Takbenda (Intangible Cultural Heritage)
Wujud asilipun budaya menika dipuncakaken UNESCO kangge wujud budaya ingkang tanpa wujud fisik, ananging momot aji wigatos minangka identitas utawi kapribaden setunggaling komunitas. Tuladhanipun, kados ta:
- Tradisi lisan saha ekspresi (kados ta crita rakyat, basa)
- Seni pertunjukan (beksan, musik, teater tradhisional)
- Praktik sosial, ritual, sarta penngetan
- Pengetahuan (seserepan kawruh) saha praktik bab jagad raya
- Katrampilan kerajinan tradisional
Batik Indonesia kalebet ing kategori Intagible Cultural Heritage, awit ngandhut ajining seni, filosofi, sarta teknik mbathik ingkang dipunwarisaken run tumurun.