SMANSAKRA – Mratahipun demokrasi ingkang kedadosan sawetawis dinten menika, dipuntanggapi kanthi tumemen dening pamarentah, makaten ugi pamarentah Kabupaten Karanganyar. Senin, 1 September 2025, Bupati Karanganyar, H. Rober Christanto, S.E, M.M dados Pembina Apel ing SMA Negeri 1 Karanganyar. Apel dipungelar kangge ngawekani siswa SMA/SMK/SLB kembet ing dhemo kados ingkang kedadosan ing sakathahing wewengkon ing, mliginipun ing kitha Surakarta.
Bupati Rober Christanto kanthi dipunampingi Kepala Cabang Dinas Suratno, S.Pd, M.Pd, ngemutaken para siswa supados ngandharaken aspirasi utawi pamanggih kanthi cara-cara ingkang jumbuh kalihan pranatan ing bebrayan sarta ukum ingkang lumampah. Sinaosa ngandharaken pamanggih mujudaken hak warga, ananging menawi katindakaken kanthi anarki, menika temtu kemawon nyidrani maknanipun demokrasi.
Sawetawis, apel enjing mawi tema ngawekani aksi demokrasi dening siswa ing Satuan Pendidikan SMA/SMK/MA Negeri saha Swasta ing Kabupaten Karanganyar, dipuntindakaken kanthi Pembina/Inspektur Upacara dening Forkompimda utawi Forkompimcam Saben wewengkon. Sasampunipun apel anjing, Bupati Karanganyar Rober Christanto ugi nglodhangaken wekdal sesambetan kalian siswa-siswa sarta dwija SMA Negeri 1 Karanganyar. Bupati ugi ngemut-emut nalika taksih sekolah ing SMA Negeri 1 Karanganyar.
Berita ini sudah diupload di web SMA Negeri 1 Karanganyar pada link