SMANSAKRA – FROSITY (From SmansaKra to Society) #8, dipungelar dening Palang Merah Remaja SMA Negeri 1 Karanganyar. Frosity mujudaken lomba utawi ajang nodhi katrampilan PMR sakaresidenan Surakarta, tataran Madya (SMP) saha tataran Wira (SMA). Kegiatan menika dipuntindakaken ing dinten Setu, 8 Agustus 2026 ing SMA Negeri Karanganyar.

Ajang Frosity #8 dipundhereki peserta Madya sarta Wira cacah 25 kontingen. Krida Frosity ing gelaran ingkang kaping 8 dipunadani kanthi tema “The Golden Dinasty Of Fearless Champions”. Sawetawis, tetandhingan utawi lomba-lomba ingkang dipungelar inggih: Iklan Layanan Masyarakat, Lomba Cerdas Cermat, Lomba Pertolongan Pertama, Pendidikan Remaja Sebaya, Lomba Poster Digital, Lomba Lukis Payung, saha Pentas Seni.
Gelaran Frosity #8 menika, ingkang dados Juara Umum PMR Madya inggih SMP AL ABIDIN Surakarta. Wondene Juara Umum Tataran Wira inggih menika SMAN 1 Sragen.








