SMANSAKRA – NAILA PURI RAMADHANI, siswa kelas XIIF3 SMA Negeri 1 Karanganyar, kasil nggayuh rangking 7 ing ajang Lomba Macapat Integritas Tingkat Jawa Tengah 2025. Kridha menika dipungelar Bidang Kebudayaan Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Provinsi Jawa Tengah. Ajang kasebat nyawijekaken kaskayaning budaya Jawa awujud macapat kalihan nilai-nilai antikorupsi sarta integritas ingkang dipunkulinakaken tumrap siswa SMA/SMK. Nilai-nilai ingkang dipunkulinakaken kados ta jujur, tanggungjawab, wantun menggalih, saha tumindak anti korupsi.
Adon wasis menika nedahaken bilih pendidikan sarta kabudayan saged lumampah sareng salebeting ndhapuk karakter integritas. Nilai-nilai anti korupsi kedah dipunkulinakaken ing gesang saben dinten, kulawarga, bebrayan, saha sekolah.
Adon wasis utawi Lomba Macapat Integritas Tataran SMA/SMK Sa-Jawa Tengah dipundhereki pamupu cacah 646, ingkang sekawit kaangkah namung watawis kirang langkung 350. Byawara finalis pamupu adon wasis menika, dipuntindakaken Senin, 8 September 2025. Wondene final kalampahan dinten Kemis, 11 September 2025, tabuh 09.00-purna ing Aula Tut Wuri Handayani Gedung D Lantai 3 Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Provinsi Jawa Tengah, kanthi gunggungipun finalis 35.
Naila Puri Ramadhani, siswa kelas XIIF3 SMA Negeri 1 Karanganyar, kasil nggayuh rangking 7 saking finalis 35. Sawetawis, juara 1 kagayuh Yusuf Ratda Mulya saking SMAN 1 Surakarta, juara 2 inggih Nuksmarani Sri Cempasari saking SMAN 4 Surakarta, sarta urut 3 dipungayuh Estu Unggul Jatikusumo saking SMAN 3 Surakarta.