SMANSAKRA – Siswa SMA Negeri 1 Karanganyar, M. Sultan Akbar Ristanto saha Athaya Salsabil Kanaya Putri Kinanti, kail nggayuh juara 3 ing ajang Lomba Poster Publik (Medical Science of Diponegoro Olympiad) ingkang dipungelar Fakultas Kedokteran Universitas Diponegoro (FK UNDIP) taun 2026.
Kompetisi menika dipundhereki atusan peserta saking sakathahing sekolah saha perguruan tinggi ing Jawa Tengah. Tema lomba nengenaken wigatosing edukasi utawi seserepan kesehatan masyarakat lumantar media visual ingkang kreatif sarta komunikatif. Poster karyanipun Sultan kalihan Athaya kabiji saged ngandharaken piweling babagan kesehatan kanthi cetha, narik kawigatosan, sarta ngemu artistik ingkang inggil utawi endah.
Prestasi menika dados bukti nyata bilih generasi mudha Karanganyar gadhah potensi utawi kaprigelan ing babagan seni, literasi visual, ngiras pantes peduli tumrap kawontenan kesehatan masarakat. Asil kasebat boten uwal saking pangkuyungipun guru pembimbing saha sekolah.
Kanthi gayuhan kasebat, Sultan saha Athaya kaajab tansah ngrembakaaken kreativitas sarta saged dados tuladha tumrap kancanipun murih purun nedahaken kaprigelanipun ing tataran regional menapa dene nasional.








