SMANSAKRA – DIKA SAKRA, Pramuka Ambalan Pangeran Diponegoro dan Raden Ajeng Kartini SMA Negeri 1 Karanganyar, kasil dados juara Napak Tilas Joko Songo 2024. Kegiatan ingkang dipungelar Gerakan Pramuka Kwarcab Karanganyar menika, kawiwitan Selasa-Kamis, 12-14 November 2024. Apel nguntabaken Napak Tilas Perjuangan Pahlawan Joko Songo dipuntindakaken ing Lapangan Wonolopo, Kecamatan Tasikmadu, saha dipunbuka dening Timotius Suryadi, Pj Bupati karanganyar ingkang ugi minangka Ketua Majelis Pembimbing Cabang (Mabicab) Gerakan Pramuka Kwarcab Karanganyar.
Finish Napak Tilas Joko Songo ingkang dipundhereki Pramuka Penegak sa-Kabupaten Karanganyar kasebat ing Lapangan Plosorejo kecamatan Matesih. Napak Tilas taun 2024 menika tebihipun kirang langkung 25 kilo. Sawetawis pasarta kaajab saged nulad perjuanganipun Pahlawan Joko Songo. Kridha menika mawi ancas nepangaken saha mangun raos tresna bangsa lan nagari, sarta ngrembakaaken gregetipun generasi mudha.
Napak Tilas mujudaken salah satunggaling wujud kegiatan edukasi saha kabudayan ingkang dipungelar pamarentah kabupaten menika. Kridhanipun, dipundhereki Pramuka Penegak kirang langkung 400, saking sangga putra putri cacah 30an. Salah satunggalipun tim Pramuka saking SMA Negeri 1 Karanganyar. Kajawi menika, Napak Tilas Joko Songo ugi dipunadani kangge mengeti adegipun ingkang kaping 107 Kabupaten Karanganyar.
Kados ingkang dipunwuningani, Joko Songo mujudaken paraga perjuangan mengsah ing penjajah ing Karanganyar. Nalika semanten wonten kaneman sanga ingkang gugur amargi majeng prang mengsah Belanda. Jaka sanga kasebat mujudaken Tentara Pelajar ingkang manunggal ing laskar alap-alap. Napak tilas menika suka kalodhangan tumrap pasarta murih saged nuladhani sejarah perjuanganipun bangsa.
DIKA SAKRA ingkang mujudaken Pramuka Penegak SMA Negeri 1 Karanganyar, kasil dados Juara Umum Napak Tilas Joko Songo kangge Sangga Putra saha Sangga Putri. DIKA SAKRA Sangga Putra kasil ngrebat: Juara Umum, Juara 1 Smart Scout Competition, Juara 1 Pawarta, Juara Harapan 3 Lomba Vidukmas, saha Juara 2 Lomba Napak Tilas. Gunggungipun poin Sangga Putra, 56. Wondene Sangga Putri: Juara Umum, Juara 2 Smart Scout Competition, Juara 1 Pawarta, Juara 2 Lomba Vidukmas, sarta Juara 1 Napak Tilas. Kanthi gunggung poin Sangga Putri, 70. Poin kekalih sangga kasebat ingkang paling kathah antawisipun pasarta sanes. Satemah Sangga Putra saha Sangga Putri DIKA SAKRA, dados Juara Umum saha kasil ngrebat Piala Bergilir Putra Putri Napak Tilas Joko Songo taun 2024.